Contoh Drama Bahasa Jawa 7 Orang
“Bule, Balikno Batikku”
Tokoh
: - Nurlele : Hanif Kirana (08)
- Bule Pernandes Silitonga : Mashening Ilhamsah (11)
- Pha Nchi Tan : Sabrina Az’zahra (19)
- Iman Soliman : Tengku Jilham I B (21)
- Joko Wipupu : Boby Nugraha Saputra (02)
- Jamile : Yustikasari (24)
- Kasiaton : Inna Hidayani (09)
Sinopsis
Nurlele, cah wadon separo bule sing ngisi wektu sore karo mbathik nggunakne canting kesenengane. Nganti Pha Nchi Tan, cah wadon turunan Cina-Cinaan kegeret kanggo mesen siji bebed bathik marange. Hal iki tentu wae berkesan banget kanggo Nurlele, mung wae dheweke lagi ora pengen ewuh kanggo beberapa dina iki.
Nurlele sempat pacaran karo sawong lanang nduwe jeneng Joko Wipupu lan pas Joko nggoda Pha Nchi, dheweke cemburu.
Nurlele ora tau ngerti menawa karya tangane nggawe bathik disenengi akeh wong. Lan faktane yo bener, nganti Bule sing nduwe jeneng Pernandes Silitonga demen marang bathik-bathik gawenane Nurlele. Dheweke dijaluk kanggo nggawekne bathik, ning sing ana si Bule kuwi malah ngrampas bebed-bebed bathik sing lagi dipepe Nurlele. Dheweke sedhih, amarga kebektene dijupuk saka Bule dadi-dadenan kuwi. Siji kebekten bangsa Indonesia. Simbol saka salah-siji kebudayaan bangsa Indonesia. Bathik.
“Bule, Balikno Batikku”
Nurlele, cah wadon separo bule sing ngisi wektu sore karo mbathik nggunakne canting kesenengane. Nganti Pha Nchi Tan, cah wadon turunan Cina-Cinaan kegeret kanggo mesen siji bebed bathik marange. Hal iki tentu wae berkesan banget kanggo Nurlele, mung wae dheweke lagi ora pengen ewuh kanggo beberapa dina iki.
Nurlele sempat pacaran karo sawong lanang nduwe jeneng Joko Wipupu lan pas Joko nggoda Pha Nchi, dheweke cemburu.
Nurlele ora tau ngerti menawa karya tangane nggawe bathik disenengi akeh wong. Lan faktane yo bener, nganti Bule sing nduwe jeneng Pernandes Silitonga demen marang bathik-bathik gawenane Nurlele. Dheweke dijaluk kanggo nggawekne bathik, ning sing ana si Bule kuwi malah ngrampas bebed-bebed bathik sing lagi dipepe Nurlele. Dheweke sedhih, amarga kebektene dijupuk saka Bule dadi-dadenan kuwi. Siji kebekten bangsa Indonesia. Simbol saka salah-siji kebudayaan bangsa Indonesia. Bathik.
“Bule, Balikno Batikku”
Babak 1
Sore isih ketok, nambah kaendahan taman ing pesisir iki. Cah wadon separo bule lagi
nggae batik. Jenenge Nurlele. Ora suwi, teko cah rodok Cino, jenenge Pha Nchi
Tan. Ketoke wong iki seneng karo batik gawean Nurlele lan pengen pesen batike.
PhaNchi : “Haiya, apikmen batikmu, ma. Oa gawekno, yo. Jeneng oa
Pha Nchi Tan.” (njabat tangane Nurlele)
Nurlele : “Aku Nurlele, mbak Pha Nchi. Anu, aku jane
gelem wae nggawekne batik. Nanging gak saiki.” (karo mesem)
PhaNchi : “Haiya, gak popo gak popo. Seng kalem karo aku, ma. Iku
bando lan syale apik. Batik kembang-kembang, ta?” (karo nunjuk
sirahe Nurlele)
Nurlele : “Iyo.”
Babak 2
Nalika Nurlele lan Pha Nchi Tan omong omongan, Kasiaton lan
Jamile ora sengaja liwat kono. Banjur Kasiaton lan Jamile ngampiri Nurlele.
Kasiaton : “Hoi Nurlele. Koe lagi nyapo?”
Nurlele : “Lagi mangan ton, jelas jelas lagi mbathik
sek mbok takokne.” (Nurlele nyauri karo pegel)
Kasiaton : “He he iyo ya sepurane aku mok guyon. Lele sopo mbak kui
kok wajahe Cino? Kancamu ta?”
Nurlele : “Hmmm.... Iyo dheweke kancaku jenenge Pha
Nchi Tan”
Kasiaton : “Kenalne mbak jenengku Kasiaton” (Karo njabat tangane Pha
Nchi Tan)
Jamile : “Lho lho lho aku dikacangi. Mangsane aku ra pegel, yo
pegel. Kenalno mbak jenengku Jamile cah paling ayu neng deso
iki.” (Karo njabat tangane Pha Nchi Tan)
Pha Nchi : “Haiya iyo salam kenal.”
Kasiaton : “Jamile weke omong opo, katimbang lehmu omong tekan
ngendi-endi, ayo mulih.”
Jamile : “Yo yo sing swante to ton Kasiaton.”
Kasiaton : “Yo wes ayo mulih(Narik tangane Jamile). Nurlele aku karo
Jamile pamit muleh disek ya.”
Nurlele : “Yo yo ati – ati.”
Jamile : “Bye bye Nurlele, mbak Pha Nchi.” (Dada marang
Nurlele lan Pha Nchi)
Sakwise kuwi Kasiaton lan Jamile muleh menyang omahe dewe
dewe.
BABAK 3
Banjur ngono ono wong lanang rupane setengah ganteng nyedaki,
jenenge yaiku Joko Wipupu. O, yo. Joko wipupu iku bolot.
Joko :
“Assalamualaikum mbak, dewean wae?”
PhaNchi : (Bingung) “Haiya, wa’alaikumsalam. Kowe sopo, ha? Wes ruh aku karo mbak iki isih takok.” (karo nunjuk Nurlele)
Joko :
“Uduk. Aku duduk Ohang. Aku Joko, Joko Wipupu. Mbak sopo?”
Nurlele : (ndehem banter jan) “Hak’akhem hem hem”
Joko :
“Nyapo, Nurlele? Keselak gajah? Ki lho,ngombe parameg” (ngekekne obat parameg)
Nurlele : (njukuk karo kesel)
Joko :
“Sopo jenenge, mbak? Kok meneng?”
PhaNchi : (mangap) “Aku? Jenengku Pha Nchi Tan, ma.”
Joko :
(ngomong alon) “Rupane uayu. Tapi jenenge? Mbok panci coy. Rasisan dandang??”
PhaNchi : “Heh boloooot. Aku krungu!”
Joko :
(Ngomong sok bijak) “Wes, mbak. Gak usah wedi. Neng kene gak ono jenglot. Ana mas Joko neng kene. Iki kanggo
mbak (ngekekne coklat)”
Babak 4
Cah loro kui delok-delokan. Nurlele cemburu. Amarga Joko Wipupu
iku mantan pacare mbiyen. Pas cah loro kui sek delok-delokan, ana wong aneh. Rupane
melas. Nggowo gitar sing ora ana selempange. Jenengé Iman Soliman.
Iman :
“Ehem. Nuwun sewu mbak, mas. Jenengku Iman Soliman. Bocah dalanan sing nduwe impian. Gelem berkorban nanging sering
dicampakne. Aku arep nyanyi lagune Bondan. Mugo-mugo seneng lan
kek ono aku duwit, yo.”
Joko :
(Ngendekne Iman) “Heh.. heh.. heh. Ojo lagu iku, mblo. Seng judule ‘Ya Sudahlah’ wae. Ayo, ngko takbayar.”
Pha Nchi : “Haiya, wes to. Ora usah dirungokne. Wonge iku bolot. Sok
arep nyanyi.”
Nurlele : “Yo, Man. Ayo nyanyi wae.” (Karo mbengok)
Iman :
“Sek, mbak, mas.” (ngadah netangan) “Aku kliru opo, ya Tuhan????? Kliru opoo?? Iman kesel karo urip iki, keseeel.”
(melankolis nanging lebay)
Babak 5
Padha ora ruh nek Iman Soliman ngroso mangkel banget.
Nanging, sak detik bar iku, Iman lagek ileng nek cah wedok maujud ayu sing
logat-cina'an nate kenal. Kanca dolan mbiyen. Iman kaget lan Pa Nchi kaget.
Iman :
(ndelok Joko lan PhaNchi) “Loh? Loh? Loh?” (tangan telunjuke koyok mbaleni sing diomongne)
Joko, PhaNchi : (Masang rai datar)
Iman :
“Mbak Panci, to? Iyo, to? Lha yo, no. Aku Iman, mbak. Iman sing 17 tahun mbiyen dadi konco mulan sempet ngekeki roso
tresno kanggo koe.” (karo ngibasne rambut)
PhaNchi : (spontan mbalekne coklate neng Joko) “Oh, Iman!”
Nurlele : (nyanyi nggo maksut nyindir Joko)
“Ancur-ancurancur atiku. Atiku ancur..”
Ndelok prilaku Pha Nchi karo Nurlela sing nyanyi lagu Ancur
atiku, Joko maleh kesel. Wonge nesu. Atine iki kobong. Yo, wonge cemburu lan
mutusaké ngaleh.
Babak 6
Sakdurunge Joko ngaleh, ujuk ujuk teka bule duwur, kelakuane
aneh, mlaku setengah pincang karo nggawa kain putih lan mbengok takon menawa
ana wong sing bisa nggawe batik. Jenenge Pernandes Silitonga. Nanging, gak ono
sing ngrungokne kajaba Nurlele.
Silitonga : (ngampiri karo mlaku pincang lan mbengok) “WOY !! Siji
loro bar kui pitulas, Aku bule papan atas. My name is Pernandes
Silitonga. Teko adoh soko ujung kulon mok nggolek batik. Now, koe
koe koe koe iso nggawekne aku batik, gak? ”
Kabeh paraga kajaba Nurlele ngomong “ORA”
Nurlele : “Aku iso, mister.” (nunduk)
Silitonga : “Weheheheh, gak sio-sio aku mrene. Tibakno batik iku soko
Indonesia, uduk soko Malaysia.”
Nurlele : “Lha yo, no”
Nalika Silitonga arep takok Nurlele, Kasiaton lan Jamile
teka. Cah loro kui padha penasaran. Lan nalika ndelok Si Bule, Kasiaton lan Jamile
mulai lebay.
Kasiaton : “Hey hey. Ana opo iki kok sepi buanget?” (karo gaya lebayne)
Jamile : “Jamile yo teko. Sepurane nek telat, yo.”
Kasiaton : “Heh, ono bule neng kene!” (karo nunjuk bule)
Iman :
“Menengo, opo tak tempeleng?” (nada datar)
PhaNchi : (Meh nampar pipi Iman lan gak sido) “Haiya, oek lali a
oek gak oleh tampar- tampar wong maneh a, ojo kasar-kasar Iman.”
Iman :
“Iya, Panciku” (mesem)
Jamile : (mbentak) “Hey! Iki tenanan!”
PhaNchi : “Oek duarius a!”
Kasiaton : “Duarius? hah? Oke, abaikan wae! (ngampiri Nurlele) Lele,
ana opo, sih? Kok enek bule nneh kene? Kesesat to?”
Nurlele : “Anu, Ton. Iki si mister njaluk digawekne
batik.” (karo nunjuk bule)
Jamile : “Duh Gusti… bule iki njaluk digawekne batik? Tumben
bule adoh adoh teko mrene njaluk digawekne batik. Tapi bule iki
kok Duwur, unyu.” (ngampiri bule)
Kasiaton : “Heh? Unyu? Aku gak salah krungu?”
Iman :
“Amit-amit jabang bayi.”
Joko :
“Ya Tuhan Jamile! We minus piro? Kok gelem karo bule siluman iku?”
Iman : “Lah!!!!!!! Tos dulu bro.”
Joko :
(Tos karo Iman) “Heh Kuman ! Ngapain sampeyan! Ojo nyedek aku.”
Jamile : (sinis) “Ih berisik deh. Tokne wae. Mending karo mister
iki ketimbang karo abang pupu. Bolot sih ! Yo gak, mister?”
Kasiaton : (narik lengan Jamile) “Ojo cedek-cedek! Mister mister,
aku iso lho nggawe batik. Ki, deloken rokku wes batik. Rupaku
barang.”
Silitonga : “Kalem Girls. Silitonga ogak pandang bulu sopo seng gae
batik. Silitonga mok pengen batik, mboh iku batik
pring, opolah jenenge. Kabeh batik, is good. I love you too , I love you
too.”
PhaNchi : (mbentak) “We jane nyapo, sih?”
Nurlele : “STOP ! Iki kok lanange gak enek sing
waras? Aton barang. Ayo rene wecah loro.”
(mbentak Jamile lan Kasiaton)
Kasiaton&Jamile : (rai melas)
PhaNchi : “Oke Mister Silitonga, saiki karepmu apa a?”
Silitonga : “Aku pengen you you ngekeki aku barang sing kok nggo iku.
Pokoke ono batike. Pokoke opo carane aku kudu entok
batik. Jane opo sih sakrale batik iku? Kok ngasi nggarai ribet dewe?” (mlaku mondar-mandir
karo sikile setengah pincang)
Iman :
“Heh Bule kamfret! Iki batik dadi simbol bangsaku.” (suarane lantang, banter, lan tegas)
Jamile : “Kabudayaanku!” (karo ngepalne tangan)
Kasiaton : “Corekan lan lengkungane bakal terus dadi keindahan neng sanubariku!” (nepok dadane)
Nurlele : “Martabatku!”
Joko :
“Pokok’e Mak Nyus!”
Kabeh ndelok Joko
Silitonga : “Wah wah wah. Kuper banget sampeyan.Mesti cah iki krungune
martabak. Kuper banget sampeyan.Yowes nek iku karepmu.
Aku tak ngaleh. Neng kene soyo sui soyo panas.” (karo cekatan langsung
njupuk kain-kain batik gaweane Nurlele sing isek dipeme neng kursi-kursi)
“Matur nuwun boloku sing kuper. Salam Mars Perindo”(mlayu ninggalne
wong-wong dengan gaya diperlambat)
KABEH KAGET
Jamile : “WOII!”
Kasiaton : “OJO!”
PhaNchi : “STOP!”
Iman :
“MISTER!”
Nurlele : (mbengok) “BULEEEE, BALIKNO BATIKUUUUUUUUUUUU!!!”
Joko :
“ATI-ATI MISTER. WA’ALAIKUMUSSALAM WARAHMATULLAHI WABARAKATU.”
Kabeh : “JOKOOOO BOLOOOTT!!!!”
Akhire, Mister Pernandes Silitonga sukses nyolong
“Pakurmatan” bangsa Indonesia, yoiku
Batik gaweane Nurlele.
Comments